Mangga Dipun Waos Ugi Dipun Raos

Written By Unknown on Minggu, 28 September 2014 | 08.18

Nuwun sewu.
Sampun dangu anggen kula badhe ngunggah unen-unen ingkang katulis ing pager Masjid Baitul Alam Padepokan Soerjo Alam niki. Sanajan namung sakdrema kaseratan, miturut kula kadosipun kagungan makna ingkang luhur. Sedaya dipun wangsulaken dumateng Kang Murbaheng Dumadi inggih menika Gusti Allah SWT. Mangga dipun waos dalah dipun resapi. Mugya kita sami tansah pikantuk kanugrahan tinebih ing sambi kala. Amien.
"Iso iyo ora ojo dumeh ngelingno wong kang lali"

wutah wutuh dadekake wujud roso kuoso

"sopo wonge kang gelem ngeling riwayat, bakal ngerti asal-usule manungso"

"Duwe kekarepan kudu wani ngenyangi tuntutane"

Pager kanti gambar Walisanga

"Ojo maido yen durung weruh jerone"

"ora nekakake weruh-weruh wis teko, elingo sopo sing nekakae"

1 komentar:

Aremablora mengatakan...

Kawulo kangen mriki malih Gus. . . Hananging wejangan panjenengan ingkang tasih dados oangilung ngiling urip kawulo. Inggih puniko pujian roso sampurno Gus.
Salam takzim jawuli Gus.......Sugeng

Posting Komentar