PANGIRANING JANMA

Written By Unknown on Minggu, 28 September 2014 | 08.20



 
Kalamun gusti ambuko korining ati sujud wengi (tahajud)
Poma di poma tan kena anduweni watak drengki
Marang sedulur tunggal iman,nunggal janji suci
Kang angler guling jroning tilam sari
Kalamun Gusti ambuka korining jiwa tapa brata
Ninggal dahar sarta ngampet nafsu  jiwa (poso sunah)
Nora kena amandeng nistha lan daksia
Marang sedulur pada iman lan agama

Kalamun wus kabuka ati mring Gusti pangerane
Aja pada nepuk dada, ndangak ing lakune
Rumangsa titah kandel iman saha agamane
Wis cinaket lan kinasih mring Gustine

Wong kang demen turu ora sujud ing wektu dalu
Nora poso sunah ing saben wektu kang tinamtu
Isa uga luwih taqwa maring gusti kang satuhu
Bekti mring Bopo lan ibu,tawadzuk marang guru


JALMA TAN KENA KINIRA
TAN KENA NGIRA ATINE JALMA


kapundhut ing :


***Mapag lingsire wengi.Pdr Domasan.**

Tidak ada komentar:

Posting Komentar