Gus Sopan Mantu

Written By Unknown on Kamis, 01 Maret 2012 | 07.13



Rabu, 29 Peb 2012, Gus Sopan kang wus kondang ing tlatah dusun Ngajum Kadipaten Malang, kagungan hajat ndaupake putri kinasih Evriana kang kapundhut garwa dening Eko Setyawan. Dening adicara walimatul nikah uga panggih temanten kalaksanaake ing dina Rabu kuwi kanti disekseni para kadang wreda kang cacahe luwih saka 1000 wong.

Papan panggonan kang dienggo yaiku papan ing sakiwane ngomah kapasang gombyok uga terop ngebaki lapangan voli. Kabeh kang rawuh ing adicara mantu iki dening kang hamengku gati ( Gus Sopandrio ) ngaturaken agunging sembah nuwun, ugi ngaturaken agunging pangaksama, amarga Gus Sopan ora sempat paring salam siji-sijining para tamu. 

Adicara mantu iki, kapacak ing adicara nganggo adat  Jawa lengkap. Ing tengahing adicara uga kasisipke tarian Jawa kang nggambarake Dewi Sekartaji kasunting dening Prabu. Kasusul dening adicara pasrah temanten  uga panampi pinanganten. Sawise adicara mau kasusul dening adicara mauridho hasanah.

Dening para tamu kaya-kaya ora ana kang jengkar sadurunge adicara paripurna. Boten kesupen kula ugi hangaturaken Mangayu Bagya ing Adicara Panggih Pinanganten kanti dedunga mugya tematen kekalih bagya mulya hanglampahi gesang bebrayan, mugya dados temanten dumugi kaken saha ninen, Amien.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar